Jumat, 06 Januari 2012

cempala


CEMPALA PEWAYANGAN









 









Cempala punika  thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon, kang kedamel sangking kayu (galih) kagem nuthuki kothakan wayang sehingga ngasilaken swara-swara. Cempala menika wonten 2  warna inggih punika cempala asta (tangan)  lan cempala suku (sikil). Cempala asta kang digunakaken kalih astanipun Dalang kagem nglampahaken, lan  cempala suku kagemanipun dipunjapit ing antarane jempol samparan lan jenthik samparan Dalang lajeng jejeg wonten keprak ingkang sampun dipungantuk wonten kothak wayang sangking kayu. Kasil swara kang ditutukaken ing kothakan wayang inggih punika dodogan. Ukuranipun cempala suku luweh cilik dibanding kalih cempala asta. Ugi cempala wonten ingkang bahan dasaripun sangking perunggu, kuningan, lan wesi. Bentuk lan rupanipun warna-warna sesuai seleranipun dalang ingkang badhe migunakaken.





Tidak ada komentar: