Sabtu, 14 Januari 2012

CONTOH NASKAH DRAMA 1

Ringkesan Cerita
Ustadz Sableng
Nalika wayah jumatan, ana bocah nom 3 yaiku bogi, zaki, farid pada main judi lan mendem ning gerdu. Banjur ana bocah 1 yaiku jabar putranipun ust.Arik kang niat jumatan malah kecantol ning gerdu melu main judi. Nalika jabar menang judi bapake teka saknalika bogi, zaki, farid pada mlayu kabeh amarga wedi karo ust.Arik. nanging jabar gak reti nek mburine wonten ust.Arik, banjur jabar di pisoi dikon mangkat jumatan, nanging ust.Arik mlah jupuk duwit hasil judi anake mau...






















Ustadz Sableng
          Awan-awan wektu jum’atan ana bocah enom 3 lagi pada mabuk lan judi......
 Bogi : “Zak..,!! ndang  gage di dum ta kartune.....!! ( karo udat-udut)
Zaki  : “Sek ta.. tak tatane disek kartune.” (karo mripate kiyep-kiyep)
Farid : “Bok si cah.. ngedum kartu kok suwene ngene.
Zaki  : “heee,.... aku tek wedi karo Pak Kyai, mengko nek aku diposoi pye...???” (karo nyambi                   ngedum kartu)
Bogi  : “Iya Cah.. pye iki..?”
Farid : “Rak usah wedi...........  aku wingi nyolong rambutane Pak Kyai tah diuber-uber  tapi  gak      kecekel  gara-gara aku ndelik nek kakus.”
Zaki  :”Wong ndelik kok nek kakus, mending nek jumbleng wae noooooooooooo.............”
Farid :” Pdo wae nang, jumbleng  karo kakus kui.... HhHhHh SOMPLAK.......!!!!!!”
Bogi  : “ Wes wes nang.... sido main to rak iki..... malah do ribut dewe
Jabar : he.......! enteni  aku melu....”( jabar mlayu karo gembar gembor )
Zaki : “ wes gawa sarung, baldu, nganggo klambi koko malah melu remi” Kana-kana lunga jumatan” ( karo ngedom Kartu )
Bogi : “ Hambohhh... anake kyai kok melu-melu main remi, wes wes kunu ngoreng masjid”
Jabar : “ alah cah-cah aku wes kadung gawa duwit akih ki.....” ( karo dudohke duwite)
Farid : “ ayo – ayo maen kene tiwas gak jumatan mending maen remi ae.....”
Jabar : “ ( karo nyincing sarung, terus sila jabar nyumet rokok ) bull bull sedep......!!! ugak gela cah aku gakjumatan )
Zaki : “ aku 3 kriting” ( karo buak kertu )
Bogi :  “ aku 7...”
Farid :  “ wah gak wani aku jeck”
Jabar : “nang – nang 7 ae rak wani... ki lho aku rak duwe....”
Bogi : “kuwe rak wani ra..., iki tak wenehi rak mberah..,, nyoh AS,,,,,”
( zaki, farid, Jabar ngomong bareng ) “Asssatagggfirulllohhhh..........!!!!!”
Bogi : “yo wes gak sida, nyoh 2 waru”
Jabar : “ki lho nang As....... menang po gak ki.....????”
Bogi, farid, zaki : (  ngomong bareng ) “asemmmmmbbb gak duwe neh cah....”
Jabar : “Horeee menang.......!!!!”( karo jipuk duwit )
Wektu jipuk duwit pak kyai teka, farid, bogi, zaki pada mlayu kabeh, tapi jabar gak reti tek mburine ana bapake...
Jabar : “he.......... kuwe ngapa pada mlayu...?”
Ust.Arik : “Astagfirullah nang.... kuwe mau pamit jumatan malah mampir lunga Judi....” ( karo ngelus dada )
Jabar : “eeeeee bapak..... tak kira mboten panjenengan”  ( karo mringis )
Ust.Arik : “wes kana mangkat jumatan” ( karo nyentak )
Jabar : “njech pak....” ( lunga jumatan karo mrengut )
Ust.Arik : “wah ketoke ana dalil “ Allah seneng karo wong kang ora nolak rezeki” dadine tak jupuk wae lah katimbang dijupuk wong mending tak jupuk wae”
Akhire ust.Arik gak sido jumatan malah menyang warung ngo jajan
Ust.Arik : jajan deng....................................


Tidak ada komentar: