Sabtu, 14 Januari 2012

CONTOH drama jawa 2

TINA LAN ASIH
          Waktu kepungkur ana pasangan yaiku Pak Martono lan Bu Ruminah kang wus 5 taun nikah durung diparingi rejeki anak. Akhire mutuske ngadopsi anak wadon sing di asmani Asih. Nalika Asih umur 3 taun , keluarga kuwi dikaruniai anak wadon lan di wenehi asma Tina. Keluwarga kuwi tambah bungah sak wise ana Tina. Namung ora suwe,Pak Martono sedo nalika ana kecelakaan . Lan sawise kedadean kuwi sikape Bu Ruminah maleh,apa meneh karo Asih.
Mak Ruminah     : “Sih ....... kowe iki kepriye ?, kok durung di sapu .Keset !” (nyendore Bu Ruminah marang asih ).
Asih                     : “ Inggih Mak, kula  nembe isah – isah”.
Mak Ruminah     : “ Alesan, isah – isah kan wis ditindakake Mbok Yem”.
Asih                     : “ Menika Mbok Yem....”.
Mak Ruminah     : “ Apa”(nugel omongane asih)
                             “ Iki di sapu ora usah kakehan alesan...”.(di uncalake ne sapu ning asih)
Tina teka nalika Asih nyapu,lan nusul Mak ane ning teras .
Tina                     : “ Mak – mak klambiku wis elek , kae kancaku nduwe model anyar aku kudu nduwe”.
Mak Ruminah     : “ Apa ta nduk ? mbok sing sopan ngomong karo wong tua”.
Tina                     : “ Inggih – inggih Mak , Mak tumbaske nggih ! ”.
Mak Ruminah     : “ Ya... sesuk ning pasar lunga tuku”.
Tina                     : (Mesem seneng)
Asih                     : “ Mak menika rasukan kula tunggile sampun bolong – bolong”. (karo ndudohke klambine sing bolong)
Mak Ruminah     : “ Wong klambi isih kena di enggo laren melu – melu Tina, iki saking Tina kepingin kaya kancane. Kana di teruske nyapune”.
Tina                     : “ Sokoooorrr....”.(ngece asih)
Mak Ruminah karo tina mlebu omah karo rembugan klambi sing arep di tuku kuwi
Asih                     : “ Ya Allah kenapa mak’e mboten kaya mbiyen . Kula kepingin mak’e kasih marang kula”.(nangis ana kamar sawise nyapu )
Mbok Yem          : “ Kowe kenapa ta nduk kok nangis ? uhuk uhuk”.(mlebu kamar asih karo watuk)
Asih                     : “ Mbok Yem...... mangga lungguh riyen ! ”.(karo ngusap luhe)
                             “ Mbok Yem menika taksih gerah kenapa mboten sare mawon ? ”.(takon asih karo mirsani lungguh)
Mbok Yem          : “ Wis mari kok nduk... ora apa – apa gaweane simbok ijeh mberah ning dapur. Kuwe kan anake majikanku ora kepenak simbok njaluk tulung kuwe terus....”.
Asih                     : “ Mboten napa – napa kok Mbok”.
Mbok Yem          : “ Eeee..... ya kuwe mau kenapa ta nduk kok nangis ? (takone mbok yem)
Asih                     : (Karo ndingkruk) “ mak’e mbok ?”.
Mbok Yem          : “ Kenapa Ma’amu ?, kuwe diapakake meneh ?”.
Asih                     : “ Mboten simbok, nanging mak’e mboten kaya waktu kepungkur sakderenge wonten Tina”.
Mbok Yem          : “ Sing sabar ya nduk, menawa si mak mu mangkono saking lagi ora kepenak atine ”.
Asih                     : “ Ya mbotem ngertos simbok” (kaget krungu gembore tina sing ana ning dapur)
Tina                     : “ Mbok Yem...” (karo gembor)
Mbok Yem          : “ya... non,wonten napa?’’
Tina                     : “wonten napa....wonten napa piye.iki klambiku kok isa kelunturan?’’
Mbok Yem          : “Ya ngapuntene nduk mengko tak ilangane lunturane”.
Tina                     : “Ilangi? moh, kudune di ganti’’.
Mbok Yem          : “Ya non mengka tak gantine’’.
Tina                     : “Sesuk kudune wis di ganti!”(benta’e tina)
                             Asih nusul mbok yem sak wise di pisohi tina.
Asih                     : “Ngapuntene nggeh,mbok kula menika ingkang kumbahi rasukane tina kala simbok gerah”.
Mbok Yem          : “Ora apa – apa kok nduk,mengko tak gantine”.
Asih                     : “Namun simbok menika dereng angsal arto saking ma’e?!.
Mbok Yem          :”(Mesem)
Sak liyane dina mak ruminah karo tina arep lunga pasar. Mak Ruminah pesen karo asih kanggo jaga kembangkesayangane gelombang cinta sing lagi tuku 2dina wingi ning ngarep omah .
Ruminah             : “Sih,ki kembang di jaga aku karo tinah arep menyang pasar!”
Asih                     : “Inggih mak”.
Sak durunge ning pasar tina wis nduwe rencana ala,tina ngakon wong kon njikuk kembang kesayangane makane supaya asih entuk pisoh amerga kembang sing dikon njaga malah ilang.
(Ning dalan ngarep omah)
Tina                     : “Nang mengko nek aku lunga pasar kembang kuwi (nunjuk kembange).jipuken ,kok adol ya ora apa – apa, tapi aja sampe weruh mbokku!”.(ngakon bocah lanang sing dikon njikuk kembang mau).
Bocah Lanang   : “Ya ...”(karo mangguk)
Mak Ruminah karo Tina lunga pasar.Bocah lanang mau njupuk kembang kaya sing dikon Tina .mulih saka pasar mak Ruminah weruh yen kembange wis ora ana ing panggonane.     
Mak Ruminah     : “Asih....h(karo gembor – gembor).
Asih                     : “Inggih mak,punapa?
Mak Ruminah     : “Ning endi kembangku kok ora ana?”.
Asih                     : (Kaget karo ndeleng panggone kembang mau)
                              “ Menika wau taksih wonten mriki mak”.
                              (Karo goleki kembang mau)
Tina                     : (Nyela) “Halah menawi di adol mak”.
                              (ngomong karo mak ane)
Asih                     : “Mboten mak,Mboten”(Karo melas)
Ruminah             : “Lha terus nak endi nek ora kok adol”.
Asih                     :(Nangis)
Tina                     : “kuwe kan kudu teku klambi,paling kok adol terus duwite kok gawe tuku.”(nuduh asih)
Mak Ruminah     : “he.embh bener ngono sih?”
Asih                     : “ Mboten mak, kula malah nembe ngertos menika sekare make ical”.
Mak Ruminah     : “Wes,aku ora reti pokoke kembangku kuwi kudune ditemoake!”(marang asih)
Asih                     : “Inggih”.(Nangis)
Mak Ruminah karo tinah mlebu omah lan mbok yaem sing ana dapur marani asih amerga krungu padudon mau.
Mbk Yem             : “Napa meneh ya nduk,kok nangis?”
Asih                     “ menika lo mbok, sekar gelombang cintane make ical”(karo sesegen).
Mbok Yem          : “ Kembang”
Asih                     : “Inggih, sing nembe di pundut make kala wingi”.
Mbok Yem          : “apa bocah lanang mau ya?’’
Asih                     : “sinten mbok?’’
Mbok yem           : “mau ana bocah lanang ndungkruk – ndungkruk  karo gawa plastik ring saka taman kembang kono,dak kira ya bocah liwat pingin liwat mampir, tak lorohi malah mlayu”.
Asih                     : “Ah...simbok mboten pareng suuzan”.
Mbok Yem          : “Sesok mbajal tak takonane,aku kerep weruh bocah iku mben sore liwat lunga bal-balan’.
Asih                     : “Punapa simbok yakin bocah menika ingkang mendet .
Mbok yem           : “Ya kok nduk wong plastike ketara abot ya uwis .sing sabar,karo mbajal di goleki menawa ana sing mindahake”.
Asih                     : “Geh mbok...”
Sisuke mbok yem ngadang bocah mau neng ngarep omah.ora sue bocah mau liwat lan di undang mbok yem.bocah mau nusul,kala mak ruminah lagi nyirami kembang.
Mak Ruminah     : “ Kuwi sapa mbok kok undang ning omah?”.
Mbo Yem             : “Menika bu kala wingi bocah iki mlebu pekarangan kembang mlayu nalika tak undang lan ndekne gawa plastik ireng sing katon abot”(karo nyekeli pundake bocah lanang mau)
Mak Ruminah     : “Plastik ireng apa nang?”(nakoni bocah mau)
Bocah Lanang   : “Isine sekar bu,kula di utus embak – embak kangge pundut sekar punika”.
Ngerti yen sing marai kembange ilsng salah siji anak wadon.Mak Ruminah banjur ngundang tinash lan asih.
Mak Ruminah     : “Tina, asih mene kabeh !”(Gembore banter)
Tina                     : “Punapa to mak kadungaren kula di undang bareng kalih asih”.(JawabE tina)
Asih                     : “nggih mak”(JawabE asih)
Tina kaget banjur ngerti yen bocah kuwi konkonane tina kanggo njupuk kembange makane .
Mak Ruminah     : “Kuwe wong loro meneng sik!”(ngomong karo tina lan asih) “ Nang mbak endi sing ngakon kuwe?”(takone karo bocah lanang mau)
Bocah Lanang   : “menika bu”(karo nunjuk tina)
Tina                     : (kaget lan banjur ndungkruk)
Mak Ruminah     : “Kuwi pancen bener tin?”
Tina                     : “Inggih mak ngapuntene,kala wingi badhe tindak peken,kula kedah nyilakai asih supados njenengan misohi asih”.
Mak Ruminah     : “Lha terus ning endi iki kembange?”(takon tina karo nesu)
Bocah Lanang   : “Taksih wonten dalem kula bu,mangkeh kula balekke malih”.(sahute bocah lanang kuwi )
Mak Ruminah     : “yo wis”(jawabe karo bocah lanang mau )banjur bocah lanang mau nyuwun pamit njikuk kembange.
Mak Ruminan     : “Tina,meneo kuwe!”
Tina                     :( ndungkruk wedi)
Mak Ruminah     : ‘njaluk maaf karo asih!”.
Tina                     : “sih maafke aku ya,aku salah wis fitnah kuwe.tapi kuwe iseh gelem to aku dadi adhimu?”
Asih                     : (mesem) “ iya tin, tak maafke”(tina lan asih salaman)
Mak Ruminah     : “aku tunggale njaluk maaf ya nduk , nalika ana tina, dadi pilih kasih karo kuwe”(ngomong karo Asih)
Asih                     : “Inggih mak”
(banjur mak ruminah ngerangkul asih lan tina)
Akhire Asih lan Tina rukun,uga mak Ruminah wis ora pilih kasih meneh karo anake.
                                    Sinopsis
Nalika Asih diuji kesabarane,yaiku difitnah Tina ngedol gelombang cintane mak ruminah .
Tina                     :(nyelo)”halah menawi diadol mak”
Asih                     :”mboten mak,mboten”(karo melas)
Mak ruminah      :”lha trus nak endi nek ora kok adol”(ngomong marang Asih)
Tina                     :”kowe kudu tuku klambi paling kok adol terus duwite kok gawe tuku “(nuduh asih)
Namun asih tetep sabar,uga mbok yem sing mesti ana kanggo Asih. Saka kesabarane Asih kuwi,akhire ngentokake kasil. Tina dadi akur karo Asih lan mak Ruminah uga wis ora pilih kasih meneh karo anak-anake.

Tidak ada komentar: